Kanggo sliramu sing ngon jero ati,
Sanadyan nate gawe geloning rasaku...sedoyo namung nglampahi punopo ingkang sampun kapasten utawi katetepaken Gusti kagem umatipun......
Sabar ajaran agami supados langkung sae nampi sedoyo ujian gesang kanti ikhlasing manah.
Mugi dados kanugrahan.
Namung Gusti ingkang mangertos salebeting manah punika manawi kaitang warninipun namung sak warni nggeh sliramu.
Ingkang sampun ndadosake kasampurnan sedaya kekirangan niki mlampah wonten sisi panjenengan.
Nalika semanten wonten ingkang mastani bilih garwo meniko sigaraning jiwa.......
nanging saniki sampun jaman kabolak-balik pengertosan.
Kathah pasangan ingkang ninggalake unggah ungguhing ngabekti darmane pasangan.
Garwo utawi estri ingkang kedahipun kaugemi, kahormati saha ingkang paring pitutur agami kagem estri supados mlampahipun bebrayan agung sageto dados kaluwarga ingkang sakinah, mawadah,warohmah.
Saniki sampun tebih saking pangertosan.
Estri ingkang solekhah dados idam idamaning sedoyo,semono ugi garwo ingkang soleh, ingkang saget nuntun estri langkung sae.
Sejatine surgane estri meniko wonten ridhone kang garwo.
Lan surgane piyantun kakung wonten ridhone ibunipun.
Ampun dadosake kuciwo,bilih garwo langkung utami ibunipun lajeng estri...
Amargi kesaenanipun garwa ugi wonten astane estri ingkang saget njunjung drajade garwa.
Mugi saged ndadosake resapan penggalih kagem tiyang ingkang purun ngelampahi kabekten salebetipun bebrayan ingkang kalandasaken agami.
Mugi Gusti Allah paring kawilujengan bebrayan kawulo meniko dunya dumugi akhirat mbenjang.
Aamiiiin.
Comments
Post a Comment