Ya Allah Gusti ingkang Maha Ageng.
Suwanten alam gegiriseng ati
Katahe bencana kang ancik-ancik salebete daerah amargi katah tiyang ingkang sampun kalewatwates.
Dadosaken pengiling - iling sedoyo saking Gusti semanten ugi bade wangsul ngersane Gusti.
Salah setunggale geh meniko
Supe kalian Gusti ingkang maha kuwaos
Supe kalian leluhuripun.
Ya Allah Gusti ingkang Maha pangapunten.
Sanajan sawangan sae....Bebugahi manah....
foya - Foya.....
Salebeting rasa welas asih sampun kakubur dening nafsu dunya.
Boten saget gawe kawilujengane gesang
Boten saget ngademke bentere naraka..
Ngapunten Gusti sedoyo dosa kawula dosa tiyang sepah kula.....
Syukur Alhamdulillah sampun kaparing pinten-pinten kanikmatan kagem kawula
Tanpo wates.....
Mugio syukur meniko dadosake kanikmatan lan tolak bala kagem gesang langkung sae wadunya wal akhiroh.
Ya Allah Gusti ingkang Maha Sugih
Yadong berkahe rizki kagem nglampahi ngibadah....deneng kagandeng kalian panjang nyuswo ingkang manfaat.
Derese kekarepan mugi sageto nambahi anggene toat dateng panjenengan
Purih margine suwarga tanpa bimbingan saha petunjuk panjenengan kawula niki menapa namung dzolim dateng awak piyambak
Ngapunten Gusti.
Ya Allah Gusti kang Maha mireng.....
Wonten panyuwun ingkang sampun ka ucap nanging dereng ka jawab.
Wusaha sampun kalaksanan .....
Tawakal sampun kawula sumanggaaken.
Deneng kula namung tiyang khilaf
Namung nyadong doa kemawon
Mugi sedaya wau sageta damel Ridho panjenengan.
Aaamiiin
Comments
Post a Comment