Banyu langit sing tiba sore iki,
Sajake ngerteni rasane atiku....
Sanajan awan mau panas nambahi kobonge atiku....nanging saiki leremmmm....
Adem ning jero ati.
Banyu langit kang gemricik gawe tembang kangen kanggo sampeyan.....
Sanajan cerak, ananging bedo rasane amargo hawane nggugah seng wes kepungkur.
Banyu langit nggandeng angin mlebu ing njero awang awang ku...
Ora reti amèh ngambar apa seng pantes disawang ing lamunan....
Nanging cukup gawe esemku semebar bungah wektu iki.
Banyu langit ngrangkul adem nusuk ing ragaku....
Nembusake rasa sing aku ora ngerteni....
Jenenge opo....kara sopo....
Mung bayanganmu seng mloka mlaku nutupi sawanganku.
Banyu langit gawe ademe rasaku...
Tembang kang tibo saka tetesing udan iki gawé bungahe manah...
Syukur agawe nikmate tambah.
Gluduk kang ngancani banyu langit gawé rasaku mulih ing pangonane.
Aku wes mudun saka awang awang seng tak gawe.
Aku mung mesem.....
Banyu langit wes rampung anggone nangis wektu iki.
This comment has been removed by a blog administrator.
ReplyDelete